Kulo taksih tiyang Jawi

Sugeng sonten para kadang, sak dèrèngipun keparenga kulo ngaturaken sakgunging pangapunten amargi wonten ing dinten Sebtu ingkang kepengker, kulo mboten saged ngayahi jejibahan nyerat wonten mriki. Inggih saèstu amargi nembé radi ribet lan nggih sejatosipun ugi mboten kemutan. Mila sak meniko keparenga kulo nyerat malih wonten mriki, mawi cara krama madya, inggih supados jumbuh kalihan bab ingkang badhé kulo tulis.

Sak sinten-sinteno kémawon ingkang nemahi jaman sakniki, inggih jaman internet menawi para walandi mestani, mesthinipun sampun sami nglampahi punopo ingkang kasebat ‘pendidikan ala barat’. Sekedhap, kulo penggak semanten rumiyin babagan puniko. Sejatosipun, kados pundi to bab ingkang kasebat pendidikan ala jawi utawi cara jawi puniko? Bangsa Jawi puniko kirang sanget babagan budaya nyathet. Kito sami langkung karib kalihan budaya oral, inggih punika piwucal ingkang awujud ngendikan utawi lagu. Pramilo kagem mbatesi babagan pendidikan cara Jawi puniko, kulo milih salah setunggal ukuran kémawon, inggih puniko saking ujar utawi ngendikanipun simbah, “bocah iku durung jowo”.

Jowo wonten ing ujaran puniko wau temtu kémawon sanès babagan pakulitan, ananging mrenahi babagan unggah-ungguh. Dados menawi panjenengan taksih pencilatan, mboten gadhah unggah-ungguh, simbah kulo almarhum temtu badhe mestani bilih panjenengan dereng Jowo/Jawi. Nah, saking puniko kulo kok lajeng gadhah pemanggih bilih pendidikan ala Jawa puniko inggih pendidikan ingkang adhedhasar unggah-ungguh puniko wau. Temtu kémawon bénten sanget kalihan pendidikan kito sami, ingkang dipun wucalaken mawi bahasa ingkang mboten momot tingkatan. Cekak aosipun, pendidikan kito kalebet pendidikan ala barat, ingkang panci mboten tepang kalihan ingkang pun westani unggah-ungguh.

Mboten wonten ingkang klèntu kalihan pendidikan cara pundi kémawon, ingkang baken awaké dhéwé saged urip mboten nyusahaken tiyang sanes. Puniko ingkang baken. Dados seratan kulo dinten puniko mboten badhe mbahas babagan pundi ingkang saé lan pundi ingkang awon. Kulo namung badhé ngémutaken kito sami bilih awakipun piyambak puniko taksih kalebet tiyang Jawi.

Pramilo, sepindhah malih kulo aturaken, kulo cobi matur wonten ngajengipun lenggah sami mawi basa krama, sanajan puniko kalebet krama madya, sanes krama inggil. Lan ugi kulo ngajak dhateng kito sami, monggo menawi saged, kito nguri-uri kabudayan ingkang setunggal niki, inggih puniko bahasa Jawa. Asebab wonten salah satunggaling filsuf ingkang nyebataken bilih sirnanipun setunggal bangsa puniko dipun milai saking sirnanipun bahasa.

Mboten sisah kito lajeng ngikir waja kito supados miji timun, utawi ngengkuk-engkuk asta kito supados nggandhéwo pinenthang, cekap kito nguri-uri punopo ingkang sampun dipun damel kalihan para pepundhen kito, inggih puniko bahasa. Sukur bagé menawi kito ugi nyinau inggih puniko aksara jawa. Supados panjenengan sedaya mangertosi ugi, sak meniko aksara jawa sampun dipun lebetaken dhateng standar utf-8, malah mikrosop inggih puniko perusahaan piranti empuk halah ingkang kawentar (kawentar blue screenipun) sampun anglebetaken aksara jawa dados salah setunggalipun font ingkang dipun sediaaken wonten windows 7.

Monggo, ampun ngantos punopo ingkang dados kekayaan kito sami puniko malah ical lajeng namung dados renik arkeologis.

Nggih mekaten puniko wau ingkang saged kulo aturaken, mbok bilih wonten galap gangsulipun serat, saestu kulo nyuwun sakgunging samudra pangaksami.

Pareng..

Originally posted 2014-12-13 15:41:57.

Comments 8

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Shares